Latihan Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 4 kurikulum merdeka
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d tumrap wangsulan kang bener!
Wacanen geguritan ing ngisor
iki kanggo wangsuli soal nomor 1-4!
PEPELING
Dening: Sendang Mulyana
aku
ngugemi ngendikamu ibu
nalika arep budal sekolah
nyangking tas kebak buku
ngger
ngendikane pujangga winasis
Ingelmu iku kelakone kanthi laku
lekase lawan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur angkara
pancen
angel yen durung ketemu
mula aja pegat sinau
dadia wong pinter nanging
aja keminter lan keblinger
Idadia wong sugih nanging
aja sumugih
dadia petinggi nanging
aja ngapusi lan korupsi
1.
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku....
a. pepeling
b. ibu
c. sendang mulyana
d. Sinau
2.
Geguritan ing dhuwur anggitane sapa ....
a. pepeling
b. Sendang Mulyana
c. ibu
d. sinau
3.
Dadia wong pinter nanging aja ....
a. jujur lan prasaja
b. sugih lan seneng tetulung
c. keminter lan keblinger
d. sugih lan sumugih
4.
Tema geguritan ing dhuwur yaiku....
a. nyambut gawe
b. pendidikan
c. keminter
d, jujur
5.
Pancen angel yen durung ketemu, mula aja
pegat sinau.
Tembung pegat ing ukara mau duwe teges..
a. cerai
b. mati
c. pejah
d. Leren
6.
Amanat geguritan ing dhuwur yaiku....
a. supaya sregep sinau
b. supaya ora tau nesu
c. sekolahan kudu gratis
d. korupsi kuwi nyolong
7.
Sing ora perlu digatekake menawa maca geguritan ....
a. intonasi trep
b. pakecapan cetha
c. aksarane endah
d. ekspresi cocok
8.
Pacelathon punika
a. micarane wong loro utawa luwih kang gumathuk
b. micarane wong akeh
c. micara kanthi dhewaan
d. micara ing ngarep panggung kanthi ancas
9.
Micara marang tiyang sepuh kuwi kudune nganggo bahasa …
a. ngoko lugu
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. krama lugu
10.
Bulik menawi saestu …. Dhateng jogja, Simbah titip supados dipuntumbasaken
geplak.
a. kesah
b. budhal
c. tindak
d. tindhak
11. Erni : "Bu Sasa, napa badhe kondur?"
Bu Sasa: "Iya, aku arep mulih. Lha omahmu ngendi, Ndhuk?"
Erni :"……”
Wangsulanipun Erni ingkang leres inggih menika ....
a. Dalam kula caket Bu.
b. Inggih Bu, kula daleme tebih.
c. Griya kula wingkingipun toko punika, Bu.
d. Omahe kula desa ngijo Bu.
12.
Yen durung rampung gaweane ora kena dolan dhisik!
Ukara iku migunakake basa…
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. krama alus
13.
Bapak, panjenengan kalawau pikantuk telpon saking simbah.
Ukara iku migunakake basa...
a. krama alus
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. ngoko lugu
14.
Garwanipun Prabu Rama punika asmanipun....
a. Dewi Windradi
b. Dewi Kunthi
c. Srikandhi
d. Dewi Shinta
15.
Putranipun putri kaparingan asma Shinta.
Tembung asma tegese yaiku.... AKM
a. penyakit
b. jeneng
c. gelar
d. Jabatan
16.
Ingkang kiyat menthang gendhewa lan menangaken sayembara pikantuk putri
en Shinta nggih punika.
a. Janaka
b. Rama
c. Lesmana
d. Wisnu
17.
Swantenipun gumludhug kados mbudegaken talingan.
Tembung talingan tegesipun....
a. tangan
b. irung
c. sikil
d. Kuping
18.
Kula wingi ngertos sampeyan wonten griyane mas Budi.
Ukara iku migunakake basa ....
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. krama alus
19.
Ing ngisor iki minangka dasanamane gunung, kajaba
....
a. angga
b. arga
c. giri
d. Ardi
20.
Masyarakat ana ing tanah Jawa duweni
jatidhiri yaiku seneng tumindak ... kanggo
ngenthengake kerepotane liyan.
a. gethok tular
b. setya tuhu
c. gotong-royong
d. mulang wuruk
21.
Prabu Baka kang seda ana tangane 2
Bandung Bondowoso iku ratu ana ing ....
a. Parangkusuma
b. Prambanan
c. Borobudur
d. Mataram
22.
Ing ngisor iki minangka tegese bagaskara, kajaba
....
a. srengenge
b. baskara
c. raditya
d. ernawa
23.
Ing ngisor iki minangka dasanamane anak, kajaba....
a. nala
b. siwi
c. putra
d. atmaja
24.
Tembung-tembung ing ngisor iki kang
trep tembung yogyaswarane yaiku....
a. dewi-dewi
b. bathara-bethari
c. gana-geni
d. hapsara-hapsari
25.
Tembung yogyaswara kaya ing ngisor iki, kajaba
....
a. suparno-suparni
b. raseksa-raseksi
c. gandarwa- gandarwi
d. mahasiswa- mahasiswi
II.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep !
1. Sapa
jejuluke Ratu Prambanan iku ?
2. Bahasa
Krama iku dienggo dening ? Sebataken 3
3. Ukara
ing ngisor iki coba dadekaken bahasa karma
a. Pasar
b. Sekolah
c. Plesiran
4. Simbah
wis ora gelem mangan lan ngombe. Ukara kasebut dadekna bahasa karma !
5. Coba
damelaken percakapan sehari-hari, kowe
lan Ibune nganggo bahasa krama 5 baris mawon !